Wikisumber jvwikisource https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa MediaWiki 1.39.0-wmf.26 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikisumber Parembugan Wikisumber Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori Panganggit Parembugan Panganggit Kaca Parembugan Kaca Indhèks Parembugan Indhèks TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Gadget Gadget talk Gadget definition Gadget definition talk Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/33 250 6915 22352 2022-08-28T16:55:09Z Tanvirusmnr 660 /* Telah diuji baca */ proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Tanvirusmnr" /></noinclude>'''2. Angkara''' <poem> Angkara... Setan ngebaki ngendi-endi papan Nggegodha para jalma gawe angkara Mung dadi pangeling Marang panasing dahana neraka Mula para kanca imanmu kuwatna marang setan sing nang kana-kana Sapa sing gelem sholat panca wektu Namung slira yekti Kabeh puja-puji mung kanggo Sang Hyang Widi Supaya para jalma Ameruhi dalan kang pener adoh saking angkara </poem><noinclude>{{rh|20||KRAKITHA KALAH WEGIG}}</noinclude> s94o4pm2mvqxiem3kbo4wki29emhx0k Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/34 250 6916 22353 2022-08-28T16:57:22Z Tanvirusmnr 660 /* Telah diuji baca */ proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Tanvirusmnr" /></noinclude>'''3. Gusti Widi''' <poem> Ing wayah lastri Keprungu swata tirta ing ngarep wisma tirta kabasuh kanggo madhep Gusti Widi Umat Islam kawajib sholat Kanggo ngibadah marang Gusti Widi Kang maringi kita rezeki, kasarasan, lan karaharjan Gusti Widi kang angripta jagad Kanggo umat manungsa Supaya eling marang Gusti Widi Gusti Widi kang duweni panguwasa Kanggo netepi takdir manungsa Mula sholat kudu kajaga Sadurunge kita padha pralaya Ing jagad iki mung sawetara Golek amal becik sakakeh-akehe Aja gawe angkara Muga kita slamet saka dahana neraka </poem><noinclude>{{rh|Antologi Geguritan, Esai, Cerkak Bulan Bahasa dan Sastra||21}}</noinclude> nzhs5dnszwwtpo01nzu55c6rn0ontvt Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/35 250 6917 22354 2022-08-28T17:00:17Z Tanvirusmnr 660 /* Telah diuji baca */ proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Tanvirusmnr" />{{rh|''Andi Tristianto''}}</noinclude><center>''Kadang Tani''</center> <poem> Pletheking srengenge, pratandha raga kudu enggal lumaku Jangkahmu mung gumantung banyu sing diulu Cikat polahmu, sigrak tandangmu Panas tan digagas, udan tan digugu Donga uga tenaga kang dinggo sangu Baskara kang ngobong ing wanci rina Dilakoni kanggo golek boga Kanthi modhal pikir uga tenaga Tanpa sambat tanpa nggresula Kanggo nyukupi butuhing kulawarga Nalika sunaring baskara wus kadya geni Njerit rasaning ati Asring banyu mata mili, nalika tandur ora cukup wiji Uga udan sing dienteni, tan enggal nelesi bumi Sarung jagung, abot entheng kabeh kudu dilakoni Ananging nalika udan wus ngrangkul bawana Lemah kang nela wus kilenan tirta Wiji kang tuwuh, katon endah disawang netra Mongkog rasaning jiwa Musna sewuning nalangsa </poem><noinclude>{{rh|22||KRAKITHA KALAH WEGIG}}</noinclude> qagzyica5e7oz1jt6wmcvzv593mo15g 22355 22354 2022-08-28T17:00:40Z Tanvirusmnr 660 /* Telah diuji baca */ proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Tanvirusmnr" />{{rh|''Andi Tristianto''}}</noinclude><center>'''Kadang Tani'''</center> <poem> Pletheking srengenge, pratandha raga kudu enggal lumaku Jangkahmu mung gumantung banyu sing diulu Cikat polahmu, sigrak tandangmu Panas tan digagas, udan tan digugu Donga uga tenaga kang dinggo sangu Baskara kang ngobong ing wanci rina Dilakoni kanggo golek boga Kanthi modhal pikir uga tenaga Tanpa sambat tanpa nggresula Kanggo nyukupi butuhing kulawarga Nalika sunaring baskara wus kadya geni Njerit rasaning ati Asring banyu mata mili, nalika tandur ora cukup wiji Uga udan sing dienteni, tan enggal nelesi bumi Sarung jagung, abot entheng kabeh kudu dilakoni Ananging nalika udan wus ngrangkul bawana Lemah kang nela wus kilenan tirta Wiji kang tuwuh, katon endah disawang netra Mongkog rasaning jiwa Musna sewuning nalangsa </poem><noinclude>{{rh|22||KRAKITHA KALAH WEGIG}}</noinclude> 40eejxzfqb3eibxa1sj607glcnabbwv Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/36 250 6918 22356 2022-08-28T17:02:55Z Tanvirusmnr 660 /* Telah diuji baca */ proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Tanvirusmnr" />{{rh|''Andi Tristianto''}}</noinclude><center>'''Taun Kembar'''</center> <poem> Donya katon sangsaya tuwa Tetangis tekaning lara Ewon siksa ugi memala Memala pinuju pralaya Tahun kembar kang nggegirisi Polah obah tan nrapsilani Panggedhe winasis sarwa ngapusi Ngeterake tumuju bubrahing nagari suci Wong cilik samya kentekan tangis Sesambat ajur sangsaya mengkis Susah menggalih diiris iris Pasrah kahanan kang saya lamis Apa pancen bebakaning kiamat Pambela sungkawa bebrayaning masarakat Kabagyan sarwa dibabat Nagari kojur sangsaya mlarat </poem><noinclude>{{rh|Antologi Geguritan, Esai, Cerkak Bulan Bahasa dan Sastra||23}}</noinclude> nj6ymd7oj4wznq625zr4finu56kdzp3